1. Sabar dan Jaga Kebersihan.
Ngrumangsani yen konco sak bis, niku kabeh sedulure dewe lan tonggone dewe. Dados kedahe kito ngenggone teposeliro antara siji lan sijine, ngregane marang liyane, mpon ngantos kito bersikap pek nange dewe. Lan demi kenyamanane awae dewe ugi kenyamanan Bersama, kito kedah njogo kebersihan. Buang sampah teng wadah sampah, mpon ngantos mbuang regetan sak enggon-enggon.
2. Jaga kekompakan.
Ngrumangsani yen konco sak bis, niku dadi satu keluarga. Dados kedah saling njogo, saling ngrekso, menawi koncone tasik kintun kedah di rantos kanti sabar. Mandap saking bis, ngempal teng panggenan sing jembar sing sekintene mboten nggangu perjalanane tiyang lintu, ngrantos sak cekape rencange mandap, selajeng berangkat sareng-sareng menuju maqom.
3. Maanfaataken Wekdal
Pas dugi parkiran lan mandap, niku di raosaken sak estu, perlu pipis, ngengek nopo mboten, menawi sekintene perlu, mongko kedah age-age ndang teng toilet kanti ngajak rencang utawi paling mboten kedang wonten rencang sing di pamiti.
4. Bis, Mboten Saged Mandeg Sak Enggon-enggon
Bis niku kendaraan ageng, dados mboten saged parkir sak enggon-enggon, pramilo menawi sajake ngempet pipis utawi ngengek, sak derange kroso sanget, niku kedahe enggal matur, kersane dipadosne tempat kangge pipis, ngengek engkang pas.
5. Menawi dugi maqom sing sekirane teng mriku wonten tiyang nyuwon
Niku penampane sing sareh mawon,, menawi bade shodaqoh nyumanggaaken, menawi mboten, nggeh mendel mawon langsung mlampah, mboten sah muni-muni sing mboten sae nopo malih ngrogohi sak utowo mbuka’i tas teng ngajengane tiyang si nyuwon niko wau, niku mangke saged ngundang bahaya kangge awake dewe.
6. Semangat Lan Kompak Nalikane Tahlilan Teng Maqom
Biasane teng maqom niku nek sareng peziarah lintu kathah, nek mboten kompak, suarane ketawur jama’ah lintu sahinggo konsentrasine lah tahlilan dadi ambyar, pramilo poro jamaah waktu tahlilan kedahe suarane sing sami banter mawon kersane saged saut-sautan.